Laman

PPS Betako Merpati Putih Masuk Wilayah Kabupaten Wonogiri ------ Perintis PPS Betako Merpati Putih Cabang Wonogiri

Tuesday, October 29, 2019

Wejangan Mas Budi Setyawan Sang Guru Besar PPS Betako Merpati Putih

Wejangan Sang Guru Besar PPS Betako Merpati Putih Mas Budi Setyawan (alm) kepada Sang Pewaris Mas Nehemina Budi Setyawan.

Uwong sing kuat kuwi dudu uwong sing suro DIRO djoyo ningrat, tapi uwong sing sabar.
Uwong sing duwur drajad e kuwi dudu uwong sing suro diro djoyo NINGRAT, tapi uwong sing okeh ilmune (ulil albab).
Uwong sing mulyo kuwi dudu uwong sing suro diro DJOYO ningrat, tapi uwong sing okeh syukure.
Uwong sing menang kuwi dudu uwong sing SURO diro djoyo ningrat, tapi uwong sing tawakal... Koyo ngono Bapak mahami pangastuti.
Kejobo kuwi le ...
Uwong sing mulia kuwi uwong sing taat...uwong sing taat kuwi uwong sing ngabekti (pangastuti) ... uwong sing ngabekti kuwi uwong sing nglakoni syareat ...uwong sing nglakoni syareat kuwi uwong sing nduwe amal ...uwong sing duwe amal kuwi dudu uwong sing kebak angen angen lan kebak roso.
Le, Bapak arep takon karo sliramu ...Opo iyo uwong sing paling mulia nang ngarepe Gusti Allah kuwi uwong sing rumongso manunggal, uwong rumongso uwis makrifat, uwong sing ngaku kasyaf utowo uwong sing ngaku duwe ilmu laduni ?...nek ngono manunggal, makrifat, kasyaf lan laduni, koyo kayane ugo dudu pangastuti .
Mas Budi Santoso Hadi Poernomo
Pewaris Merpati Putih Grat XI / Guru Besar PPS Betako Merpati Putih
13 Februari 1947 - 2 April 2002

Sumber : FB Mas Nehemia Budi Setyawan

No comments:

Post a Comment